Buku teks “Wasis Basa” punika satunggaling buku Muatan Lokal Wajib Basa Jawi ingkang kasajekaken Lelandhesan Elemen Ketrampilan Berbahasa Kurikulum Merdeka lan Kearifan Lokal Provinsi Jawa Timur. Sekawan Elemen Ketrampilan Berbahasa punika antawisipun: 1) Menyimak, 2) Membaca dan Memirsa, 3) Berbicara dan Mempresentasikan, lan 4) Menulis, ingkang kasusun kanthi runtut lan rinci. Wondene Kearifan Lokal Provinsi Jawa Timur ingkang karembag inggih punika: basa lan sastra, adat tradhisi, budaya, lan kesenian khas Jawa Timuran ingkang adiluhung. Ing buku “Wasis Basa” punika ugi ngginakaken pendekatan “Profil Pelajar Pancasila” ingkang nanemaken budi pekerti luhur lan nilai-nilai Pancasila, sarta raos tresna asih dhumateng bangsa, negara, lan keutuhan Negara Kesatuan Republik Indonesia (NKRI). Fitur-fitur khas ing buku “Wasis Basa” punika antawisipun: Konsep lan Materi, lelandhesan Capaian Pembelajaran (CP) ingkang sinerat ing Kurikulum Merdeka. Materi kasajekaken kanthi jangkep lan rinci sinartan soal-soal latihan ingkang murwat. Soal-Soal Latihan, ingkang jangkep arupi: Gladhen (Latihan) ing saben Tujuan Pembelajaran, Tes Sumatif Wulangan, Tes Sumatif Semester 1 (ganjil), lan Tes Sumatif Semester 2 (Genap). Kagiyatan, mujudaken tugas mirunggan (khusus) ingkang dados napas Kurikulum Merdeka. Kagiyatan punika kasajekaken sacara mandhiri utawi klompok ingkang ngasilaken satunggaling karya utawa prodhuk tartamtu. Higher Order Thinking Skill (HOTS), ingkang gadhah tujuan kangge nggladhi para siswa supados saged nenalar kanthi kritis ngengingi samubarang bab ingkang gegayutan kalih pangudharipun pitakenan ingkang mbetahaken kawasisan lan kaprigelan tartamtu. Asesmen Kompetensi Minimum (AKM), mujudaken soal-soal latihan ingkang arupi soal literasi kanthi tujuan kangge nggladhi lan ngulinakaken para siswa ngadhepi soal-soal ingkang betah pemahaman tartamtu lan nguji kemampuan siswa salebetipun ngadhepi soal-soal ingkang variatif arupi soal kanthi pemahaman waosan (literasi).