Njingglengi antologi Lathi, pancen rasah nganggo bathuk njengkerut. Tembunge prasaja, basa padinan, ora basa "kawi", sing kudu mbukak kamus kanggone bocah zaman now. Senajan mung prasaja, nanging ukara kang rinakit kebak pralambang sanggane ngaurip. Eko seneng dolanan rima, dadine gurit kang cumawis, kaya wirama banyu mili Ian angin sumilir. Tembung-tembung metafora utawa sanepa, uga ngrenggani saweneh guritane. Senajan ana gurit-gurit protes (Lathi, Rambut, Meja, Ian liyane), kanthi sanepa. Trep karo jiwane wong Jawa. Cukup "tapa pepe”, iku wis mujudake protes marang pangarsa. Rasah bengak-bengok, nanging substansi-ne wis tekan. Nanging uga akeh gurit grenengan, Ian kaya foto, kurang rabuk. Kurang digarap kanthi tandhes, tuntas. Luwih jero Ian marahi greng tumrap sing maca.
–Triman Laksana, antuk Pratisara sastraJawa ''Rancage"taun 2015
Eko Wahyudi dudu "warga anyar" ing sastra Jawa, Dheweke wus suwe anggone lelumban ing jagat medhiya massa abasa Jawae Taun taun iki dheweke kerep katon ing Jaya Baya. Nanging, medhiya massa liyane kaya dene Panjebar Semangat, Djaka Lodang uga nate kapilut kaprigelane. Mula nora mokal, baris-barise kaya ngemu kaprigelan kang wus diasah taunan suwene. Dheweke migunakake "lathi” kanggo anata mesisan natah sabarang karya-karya kang bakal diaturake tumrap pamaos. Katilik saka irah-irahan kang rinakit, Eko Wahyudi anyuguhake sawijining suguhan kang runtut. Kaya dene gurit pambuka kang diwastani Lathi sabanjure diterusake minangka Rambut. Utawa maneh ana gurit kanthi irah-irahan Meja diterusake mawa geguritan Kursi.
–Jefrianto, Pegiat Sastra Jawa
Judul Buku: Lathi
Penulis: Eko Wahyudi
Penerbit: Interlude, 2020
ISBN: 9786237676133
Kategori: Puisi
Bahasa: Jawa
Dimensi: 14 x 21 cm | SoftCover
Tebal: xxii + 88 hlm | BookPaper
Harga: 50.000