Atur jumlah dan catatan
Stok Total: 50
Subtotal
Rp92.000
Buku Novel Bahasa Jawa - Yen Katresnan Rinonce Rembulan Kalimput Pedhut Ora Apa-apa (Bukunesia)
Rp92.000
- Kondisi: Baru
- Min. Pemesanan: 1 Buah
- Etalase: Semua Etalase
Saben aku liwat Jalan Sultan Agung Semarang, atiku sumedhot. Apa maneh yen ngepasi tekan Kaliwiru, kulon dalan ana pekarangan jembar banget lan akeh gedhung tingkat. Aku banjur kelingan jaman semana. Ing pekarangan kono ana Gedhung Bruderan FIC (Fratrum Immaculatae Conceptionis). Uga ana SPG, SD, lan TK. Kabeh sekolah iku jenenge Don Bosko. Ing papan kono kebak ing kenangan mirunggan.
Jaman biyen watara patang puluhan taun kepungkur aku manggon lan sekolah ing tanah pekarangan kono. Ing kono, ana Sekolah Pendidikan Guru (SPG) Don Bosko berasrama. Ing papan kono, maneka warna kenangan mirunggan kaya-kaya ora bisa diwilang saking akehe. Ana lelakon sing luwih tumabet ing atiku. Saben dina aku ketemu kancaku wanita sakelas jenenge Rani. Ora mokal yen ati kang isih padha enome banjur kaiket ing rasa tresna. Rasa tresnaku sing sepisanan marang wanita. Aku jatuh cinta, I fall in love. Kenangan mirunggan iku ora bisa ilang sanajan SPG wis sirna diganti SMA.
Saben dina katresnanku marang Rani sangsaya gedhe. Samono uga katresnane Rani marang aku. Kaya-kaya urip wektu iku anane mung kabungahan saben dina. Apa wae sing daksawang katon endah kabeh, nemsemake ati. Apa maneh yen aku nyawang pasuryane Rani sing ayu banget. Atiku kebak kabungahan. Malahan kabungahan ing atiku nganti muncrat[1]muncrat agawe ayem tentrem marang sapa wae sing cedhak aku.
Spesifikasi
•Dimensi : 14x20 cm
•Penulis : D. Roch Ediyanto
•Penerbit : Bukunesia
•Terbit : 2023

Ada masalah dengan produk ini?
ULASAN PEMBELI

Belum ada ulasan untuk produk ini
Beli produk ini dan jadilah yang pertama memberikan ulasan