Novel jawi ingkang asesirah Rangsang Tuban punika saestu carios ingkang migunani tumrap tiyang kathah. Jalaran isinipun ngemot piwucal, patuladhan saha kautaman ingkang saged dipun damel kaca benggala, kangge gesang saben dinten. Ing ngriku cetha menawi tiyang salah badhe seleh. Jumbuh kaliyan sesanti becik ketitik ala ketara, sing goroh bakal growah.